Derama bahasa Jawa Jer Basuki Mawa Bea

Posted by Unknown on Selasa, 29 Januari 2013



Derama bahasa Jawa Jer Basuki Mawa Bea


Ing jam ngaso ana arek loro seng jenenge brodin karo rubini sregep sinau nang perpustakaan sekolah, banjur iku teko Ruslan Koncone Rubini lan Brodin sug arep nggarhi.
Ruslan :”Din, Brodin kowe iku ora pegel ta nang perpustakaan sinau ae, kowe lak wes pinter se?”
Brodin : “Iho yok piye to lan, senadjan aku wes pinter yo tetep kudu sinau opo maneh awake dewe wis kelas sanga, apa gak ngunu?”
Ruslan : “Mboh din, Brodin senadyan pintermu nyundul langit, sinau terus , kowe lho ora dadi apa-apa sesok, wong makmu wae mong dodol rujak”
Rubini : “Opo kowe yo ngerti Rus, uripmu kanthi tansah sukses , hem?”
Ruslan : “Lho ..lho..lho.. ngenyek opo piye kowe Rub, aku iki anake juragan weshus dhuwitku akeh ratanku amba, opo gak njamin kuwi?
Brodin : “Wes .. wes… ayo mbali menyang kelas wis masuk iki lho!”
Banjur kabeh wes mlebu kelas lan lungguh nang bangkune dewe-dewe pak parjo teko.
P. Parjo : “Tugas biologine ayo ndang di kumpulno
Murid : “Inggeh pak”
P. Parjo : “Wis kabeh ? sopo seng gorong ayo maju mengarep!”
Ruslan maju mengarep karo mesem – mesem gorong nggarap tugas.
Rubini : “Owalah, Rus jare anake juragan wedhus sing sukses lha kok tugas wae gorong nggarap?”
P.Parjo: “Wes Rub, ojo rame lapo rus gorong nggarap angon wedhus ta mambengi?
Murid : “Ha..ha..ha”
Ruslan : “Mboten pak wau dalau kulo tumut room ten kitho”
P. Parjo: “Alasan wae, wes ngadeg kono!”
Rubini : “Kapok tah gak kowe “(karo mesem – mesem)
P. Parjo: “Yen pingin dadi wong sukses, iku yo kudu usaha, ojo mong ngarepno warisane wong tuwo, sinau kang tememen mbesok yeng wong tuwomu bangkrut ora duwe opo-opo, apa seng mok arepno?” (tutur Baiknya)
Telong dino iki Brudin ora masuk sekolah kuwi nggarahi P.Parjo penasaran banjur nyelok rubini pas mulih sekolah.
P. Parjo : “Rub, rinio sek rub!”
Rubini : “Inggeh pak wonten kersa napa nggeh?”
P.Parjo: “Kowe lak koncone cidek Brudin kowe ngerti tah gak lapo Brudin telong dino iki gak masuk sekolah?
Rubini : “Duko nggeh pak, kula mboten sumerep”
P.Parjo : “Nek ngunu kowe iso ngeterno aku tah gak nang omahe Brudin?”
Rubini : “Saget pak, sakniki nopo?
P. Parjo : “Taun ngarep rub ya saiki talah”
Sak wise kuwi Pak Parjo karo Rubini budal menyang omahe Brudin.
Rubini : “Mak ,,, mak Assalamualaikum?”
Mak’e Brudin: “Walaikumsalam, iyo sopo ta?”
Rubini : “Kulo Rubini kaleh P.Parjo”
Mak : “E… Pak Parjo monggo pinarak mlebet!”
Rubini : “Mak, pak parjo, kulo pamit rumiyen nggeh kajange les”
Mak : “Iya ati-ati ya ndok”
Rubini : “Nggeh”
Mak : “Mboten kersa napa nggeh, kok njenengan mboten biasane dolan mriki?”
P.Parjo: “Mboten nopo-nopo kulo meng badhe tangglet ngenemi Brudin katog?”
Mak : “Inggeh monggo”
Pak Parjo : “Brudin ten pundi nggeh mak kok tigang dinten mboten mlebet sekolah”?
Mak : “Brudin nyambut damel pak wonten kitho”
P.Parjo: “Nyambut damel?”
Mak : “Inggeh pak sakjane kulo nggeh sampun nglarang, tapi larene kiambak ngengkel”
P.Parjo : “Sampun kelas tiga’e”
Ngerteni sebabe Bruden ora masuk sekolah telongdino kepungkur kuwi digawe guyonan karo Ruslan pas Brodin wes masuk.
Ruslan : “E Brodin lapo din dekwinginane ora masuk sekolah minggat ta?”
Brudin: “Gak lapo-lapo”
Rubini : “Wes ayo din mlebu kelas”!
Meruhi kuwi mau, Brudin tansah sabar, untunge Brudin ndiweni konca kang apikan kaya Rubini sing senengane mbelani deweke.
P.Parjo: “Seminggu engkas wis ujian nasional ojo lah padha sinau sing sregep supaya lulus bijine apik tur kelebu sekolah sing apik”
Murid : “Amin,, enggeh pak”
P.Parjo; “Sesok sekolah neng ndi rub?”
Rubini: “Kulo ten SMA 3 Pak insyaallah”
P.Parjo: “Lha kowe din ?”
Brudin : “Pingine nggeh teros sekolah pak tapi duka dereng sumerep”
P.Parjo: “Iya, aku ngerti karo kahananmu saiki, seng penting kowe sinau wae seng sregep.
Ujian nasional wes karek ngenteni woro-woro kelulusan, wayahe sing dienteni enteni teka kabeh murid lan wali murid teko menyang sekolahan gawe nekani woro-woro kelulusan. Ora kejobo Brodin lan mak’e
Mak: “Din piye tole, nilaimu kok gorong ndang diumumno”
Brudin: “Inggeh sabar to make”
Mak: “Lho lho kuwi din hasile diloken din cepat din!”
Brudin: “Inggih mak Alhamdilillah make kula lulus tur nilai kula sae”
Mak: “Iya ta din? Alhamdulillah”
P.Parjo: “Din, kowe itok byi apik paling apik gak sak sekolehan tok tapi sak Indonesia din”
Brodin : “inggeh pak suwon Alhamdulillah”
P.Parjo : “Mak, din mboten usah ngelu-ngelu mikirkan raga damel sekolahanpun Brudin, Brudin kontrak beasiswa ngantos kuliah saking pemerintah”
Mak : “(Suwun. Pak suwun”(Karo salaman P.Parjo)
                Senadyan kabeh pada bungah ora gawe ruslan deweke ora lulus amaiga ora sregep sinau mong nggandolno masa depane karo warisane wong tuwone.
Saki Brodin tansabungah uripe wis dijamu bakalan sukses, senadyan biene diece karo konco-koncone ora bakal biso sukses amergo mung anake wong bakul rujak, nanging ngunu Brudin ora mendeg neng tengah dalan, deweke tetep terus ngoyo sinau kanthi iso intok beasiswa kaya saiki
Tamat
Nama Kelompok :
1.       Yuseva Tri Akwantini
2.       Dodik Suprayogi
SMP NEGERI 1 NGORO JOMBANG  

{ 0 comments... read them below or add one }

Posting Komentar